Lirik

Lirik Lengkap Menteri Durmagati Oleh KAJAWI

×

Lirik Lengkap Menteri Durmagati Oleh KAJAWI

Sebarkan artikel ini
Dokumentasi: Kajawi

Urupedia.id- Durmagati apel esuk
Disambut abdi, manthuk-manthuk
Sirah ngliyeng, setengah mabuk
Pidatone rodok umuk

Kita ini pejabat, maka harus amanah
Berjuang demi rakyat, ayo semangat!
Ayo semangat!
Tunjukkan kita kuat, punya hati, ada niat
Ada tekad tahu bulat, ayo berbuat!
Kabeh nggawe ragad

Sangkuni paring warta
Dana buta proyek negara
Kabeh kudu isa, nanging aja sembrana
Ala saithik, penting ra ketara

Iki proyek gedhe, nanging aja nganti lali
Turahane dikanthongi, Paman dibagehi
Sangkuni nagih janji, yen gagal, dikeplaki
Meeting bengi-bengi, para-para mabuk whisky
Bancakan ingkunge gedhi, semuanya happy
Karo gadis seksi, si Limbuk Angelasari

Durmagati dadi menteri, nata proyek nggo pribadi
Penting dadi, kudu bathi (tuku Ferrari)
LSM-e disangoni, anggaran kudu setiti
Mlebu kanthong, metu mburi (iki sing digoleki)

Infrastruktur sukur dadi, kualitas ra peduli
Penting rakyat ora ngerti (harap dimaklumi)
Pencitraan nomer siji, aktif medsos, pasang aksi
Macak melas, wani rugi (ya mes na, Ti, Ti)

Durmagati pasang kata motivasi
“Dadi aparat kudu isa migunani”

Su, su, su, su, sontena
Su, su, su, su, sontena

Durmagati sidak proyek
Ngakep cerutu, nggandheng cewek
Parfum wangi, mambu kelek
Konten sibuk kudu enek

Heleh, nyekel cethok, nata bata, ethok-ethok macak isa
Katon prigel, ning ra cetha, ora rumangsa (elek, ra papa)
Dulur kabeh, penting oleh, sanak kadang kudu madhang
Kanca kenthel dadi kandel, kabeh dicekel (polisine cuthel)

Proyek sampe isa holiday
Wis ra nggagas mutu bangunane
Dana separo mlebu kanthonge
Kari ngatur gampang ngentekke

Yen dadi aparat, apa maneh nduwe pangkat
Kabeh-kabeh disikat, urip iku nikmat
Ah, bodho amat
Kembang tebu, cokot asu, yen ra mlebu, dadi kuru
Sugih bandha, awak lemu, aja ditiru (aja lo, ya!)
Mung isa ngguyu

Durmagati dadi menteri, nata proyek nggo pribadi
Penting dadi, kudu bathi (tuku Ferrari)
LSM-e disangoni, anggaran kudu setiti
Mlebu kanthong, metu mburi (iki sing digoleki)

Infrastruktur sukur dadi, kualitas ra peduli
Penting rakyat ora ngerti (harap dimaklumi)
Pencitraan nomer siji, aktif medsos, pasang aksi
Macak melas, wani rugi (ya mes na, Ti, Ti)

Durmagati pasang kata motivasi
“Dadi aparat kudu isa migunani”

Mbelgedhes tenan

Advertisements
Lirik

Urupedia-Masjid adalah tempat suci bagi umat Muslim dan…